Monday, November 4, 2013


Tujuanipun Dzikir Thoriqoh

Thoriqoh inggih meniko praktek perbuatan ( toto laku ) kagem nyucekaken ati lan ngresiki relung – relung ati saking kotoran / karatipun manah,  sifat lali ( ghoflah ) lan salah pahamipun kebodohan. Relung – relung ati mboten saget suci ( bersih ) kejawi kanthi dzikir dateng Alloh swt kanthi coro ingkang tertentu .

Setengahipun tujuan nderek dzikir thoriqoh inggih puniko :
1.      Ngicali sifat lali ( ghoflah )

Ghoflah ( sifat lali ) meniko setunggalipun penyakit ati ingkang andadosaken ashoripun sifat kamanungsan , lali ing Alloh ingkang nitahaken , lali ugering manungso,lali ugering urip.

وَلَقَدْ ذَرَأْنَا لِجَهَنَّمَ كَثِيرًا مِنَ الْجِنِّ وَالْإِنْسِ لَهُمْ قُلُوبٌ لَا يَفْقَهُونَ بِهَا وَلَهُمْ أَعْيُنٌ لَا يُبْصِرُونَ بِهَا وَلَهُمْ آَذَانٌ لَا يَسْمَعُونَ بِهَا أُولَئِكَ كَالْأَنْعَامِ بَلْ هُمْ أَضَلُّ أُولَئِكَ هُمُ الْغَافِلُونَ.

 

Lan yekti temen ndadekake Ingsun minongko isen – isene neroko Jahanam akeh – akehe golongan jin lan manungso , podho anduweni ati ananging ora den gunakake kanggo ngaweruhi ( ing ayat – ayat Alloh ), podho duwe paningal ananging ora den gunakake kanggo mirsani ( tando – tandane Keagungane Alloh ), podho duwe pangrungu ananging ora den gunakake kanggo mirengake ( pituduhe Alloh ) . Wong – wong iku lir kadyo hayawan ternak malah luwih sasar maneh. Wong – wong iku golongane Ghofiluun ( Wong kang podho lali ) .”(QS. Al A’rof :179)

 

Sifat ghoflah meniko nyebabaken ngaling – alingi penyuwunan :

 

عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ قَالَ قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ ادْعُوا اللَّهَ وَأَنْتُمْ مُوقِنُونَ بِالْإِجَابَةِ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ لَا يَسْتَجِيبُ دُعَاءً مِنْ قَلْبٍ غَافِلٍ لَاهٍ (سنن الترمذى : ٣٤٠١ )

 

“ Saking Shohabat Abu Hurairoh R.a : Rosululloh Saw ngendiko : “ Podho dongoho siro kabeh ing Alloh , hale wong – wong kang ngeyakini kelawan diijabahi , lan ngertiho siro kabeh yen setuhune Gusti Alloh ora nyembadani donga saking ati kang lali. “ HR. Tirmidzi

 

2.      Nyempurnakaken  lan ningkataken roso khusuk ing dalem ngibadah, mboten kados ngibadahe tiyang munafik .

 

إِنَّ الْمُنَافِقِينَ يُخَادِعُونَ اللَّهَ وَهُوَ خَادِعُهُمْ وَإِذَا قَامُوا إِلَى الصَّلَاةِ قَامُوا كُسَالَى يُرَاءُونَ النَّاسَ وَلَا يَذْكُرُونَ اللَّهَ إِلَّا قَلِيلًا .

“ Saktemene wong – wong kang munafik iku podho nggorohake marang Alloh, lan Alloh bakal paring piwales ing gorohe wong – wong iku. Lan lamun podho njumenengake ing sholat mongko jumeneng kanthi aras – arasen. Wong – wong iku sejo podho pamer ( kanthi sholate ) ing ngarsane manungso. Lan ora podho dzikir ing Alloh kejobo naming sethithik wae. QS. An Nisa’ : 142

No comments:

Post a Comment